Praktik Sesorah

Praktik sesorah

Caranipun damel tulisan sesorah
1. nemtokaken prekawisispun (topik)
2. ngangen-angen isinipun.
3. maos buku-buku acuan (referensi) kangge nyengkuyung isi sesorah.
4. damel cengkorongan sesorah (kerangka pidato utawi pokok-pokok pidatd.
5. mekaraken cengkorongan dados tulisan.
6. nliti tulisan mbok menawi wonten kekirangan (kirang runtut, kirang mentes Iepattulisan)

Sangu Sesorah
Sesorah utawa medhar sabda yaiku micara nglairake gagasan ing sangarepe wong akeh. Amarga sing diadhepi wong akeh sing manekawarna umur, wawasan, lan ngelmune, mula sesorah kudu sangu seserepan ilmu supaya sesorahe becik, gampang ditampa, Ian nocoki sing ngrungokake.
Sanguning wong sesorah kuwi ora akeh Ian _ora angel, cukup telung perangan, yaiku:
1. Olah Swara (wirama)
2. Olah basa Ian sastra (micara Ian mirasa)
3. Olah raga Ian busana (wiraga). Katrangan:
a. Olah Swara.
   Olah Swara kuwi magepokan karo wicara Ian wirama. Wicara magepokan karo pocapan sing cetha (bener, pener, las-Iasan), bisa mbedakake ,suwara siji Ian sijine kanthi pas, ora blero, tegas, lan pener. Wirama magepokan karo cendhek dhuwuring swara, cepet Ian rindhiking swara, Ian dawa cendhaking swara. Kajaba kudu cetha ing pocapan, Swara kudu becik iramane, satemah kepenak dirungokake.

b. Olah Basa Ian Sastra
   Olah basalan sastra magepokan karo pamilihing tembung, pas, becik, Ian endah. Paraga sesorah bisa nggunakake tembung-tembung sing trep karo suwasanane. Amrih endahing basa, paraga kudu nggunakake basa-basa susastra, kayata tembang, parikan, wangsalan, paribasan, panyandra, basa rinengga, pepindhan, lelewaning basa, Ian sapanunggalane.

c. Olah Raga Ian Busana
   Olah raga Ian busana magepokan karo tata krama utawi subasita Ian panganggo. Tindak tanduk kudu digatekake, panganggo utawa klambi kudu trep karo acarane. Panganggo kudu resik Ian sopan, ora nyolokwarnane, ora nganggo kemasan (kalung, gelang, suweng) sing ngrempyong.

Kajaba telung prekara mau, uga ana sing digatekake maneh, kaya ing ngisor iki.
a. Sumadya ing Materi
   Paraga sesorah kudu nguwasani materi sesorah, menawa apal luwih becik.
b. Sumadya ing Mental
   Paraga sesorah kudu duwe mental sing kuwat, ora wedi, grogi, gemeter, trus dheg-dhegan. Amarga menawa wedi, materi sing disiyapake ing pikiran banjur mawut malah bisa ilang. Supaya kuwat mentale kudu akeh Iatiyane utawa gladhen sesorah ing sangarepe wong (wong akeh luwih becik). Ora prelu isin, awit wong sing ana ngarepmu, sing kokadhepi uga durung mesthi bisa, karo maneh sing mangerti bab sing kokandharake ya kowe dhewe, anggep was wong liya (penonton, yuri) ora mangerteni.

0 Response to "Praktik Sesorah"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel