Unsur-Unsur Novel Inggih Menika

Unsur-Unsur Novel Inggih Menika


1. Unsur Intrinsik
   Unsur intrinsik inggih menika unsur ingkang nyusun karya sastra saking nlgebetipun karya sastra menika piyambak.
Unsur intrinsik karya sastra inggih menika.

a. Tema
   Tema inggih menika inti utawi ide pokok ing salebetipun cerita. Tema saged gegayutan kaliyan pagesangan manungsa, umpaminipun kamanungsan, kekuasaan, katresnan Ian sanesipun.

b. Alur utawi plot 
    Alur inggih menika pola pengembangan cerita ingkang kedadosan saking hubungan sebab akibat. Intisari alur menika wonten ing permasalahan cerita, nanging permasalahan menika kedah wonten dhasaripun. Dados alur menika kedadosan saking pengenalan-muncul konflik-konflik-memuncak-klimaks-penyelesaian.

c. Paraga-paraga
     Paraga lan penokohan menika cara pengarang ngganbaraken karakter-karakter tokoh ing salebetipun cariyos. Kangge nggam baraken karakter utawi sipat stunggaling paraga panganggit/pengarang saged nyebataken kanthi cara langsung, umpaminipun Si A menika sabar, gemi Isp.

d. Latar utawi setting
    Latar inggih menika papan, wektu, suasana/kahanan ing satunggaling prastawa.

e. Amanat Utawi Pesan
Amanat inggih menika ajaran moral utawi pesen ingkang dipunandharaken dening panganggit lan badhe dipunwedharaken dhumateng pamaos ing salebetipun karya sastra.
  Amanat ing salebetipun novel adatipun dipun andharaken kanthi mboten langsung, dados pamaos saged mangertosi amanat satunggaling novel menaWi sampun maos novel kanthi wetah.

Punjering crita (sudut pandang)
Sudut pandang diperang dados 3, inggeh puniko.

1. Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh Ian tembung sesulih wong kapisan (kata ganti orang pertama), nyritakake apa kang dilakoni, lan ngetokake rasa pangrasane dhewe kanthi tembung-tembunge dhewe.

2. Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh bawahan, dhéweke luwih akeh ngamati saka sanjabane crita tinimbang sajroning crita. Pengarang biasane nggunakake tembungsesulih wong katelu (kata ganti orang ketiga).

3. Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh impersional, dheweke sanyatane dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake, Ian ngerti. Dheweke nyawang tokoh nganti tekan sajroning pikiran lan atine. Mula pengaranging kene bisa‘nyritakake batine tokoh.


2. Unsur Ekstrinsik Novel
Ekstrinsik novel inggih menika.
a. Latar belakang budaya panyerat novel.
b. Pendidikan panyerat novel.
c. Penga|aman panyerat novel.

Nilai ingkang kakandhut ing salebitipun novel inggih menika.

1. Nilai Sosial
Nilai social menika samankenipun saged damel tiyang lengkung mangertosi babagan geseng ing bebrayan agung.

2. Nilai Ethik
     Novel ingkang sae inggih menika novel ingkang isinipun saged “nguwongke” (memanusiakan) para pamaosipun. isinipunsaged narik kawigatosan lan saged kangge nyempurnakaken dados tiyang ingkang sae.

3. Nilai spirit
   Nilai Spirit isinipun menantang sikap lan kepercayaan pamaos, sahingga pamaos saged.

4. Nilai cultural
   Novel saged ugi kangge nglestantunaken budaya bangsa sahingga pamaos saged mangertosi kabudayan masarakat wewengkon sanesipun.

5. Nilai koleksi
      Novel kang bisa diwaca makaping-kaping kang tundhone pamaca .kepingin nduweni novel iku.

0 Response to "Unsur-Unsur Novel Inggih Menika"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel