Isi Sekar Mocopat

ISINIPUN SEKAR MACAPAT

Serat wedhatama menika sastra tembang Jawi anggitanipun KGPAA Mangkunegara IV. Wedhatama menika saking tembung Wedha ingkang tegesipun ajaran lan tama ingkang tegesipun keutamaan. Wedhatama minangka ajaran luhur kagem mbangun budi pekerti Ian olah Spiritual kagem kalangan raja-raja mataram, ananging dipun wucalaken ugi kagem sinten kemawon ingkang nggadhahi krenteg.

a. Pangertene Ian maknane tembang Pocung
   Miturut maknane, tembang pocung iku nggambarake mangsa nalika wis dipocong utawa mati. Watake sembrana, sakpenake. Manungsa kang wis seda bakal lali ing sakabehe, turune sakepenake. Kabeh gumantung marang sanak sedulur kang ngrukti, ing kene duwe pangerten lamun tembang pocung iku nggambarake manungsa iku lamun wis titi wancine tinimbalan dening Gusti Kang Maha Kawasa ora bisa apa-apa,_anane mung sumarah utawa manut, mula diarani sakepenake.

b. Watake tembang pocung
    Watake iku sakepenake dhewe/Iuwes, lucu, Ian gawe seneng. Mula biasane kanggo ngandharake bab-bab kang ora serius Ian bisa gawe gegojegkan. Surasane kala mangsane ngemot cangkriman utawa banyolan (crita kang ngguyokake).

c. Wos kang kamot ing tembang Pocung (Wedhatama)
   Serat Wedhatama ngajarake supaya manungsa iku bisa ngendhaleni angkara murka, amarga yen sikep kang kaya mangkono ora dikendhaleni babal nuwuhake prakara. (angkara gung neng ongga anggung gumulung, gegolonganira, tri loka lekere kongsi, yen den umbar, ambabar dadi rubeda). Bedo maneh karo wong kang wis menep rasane, gelem menehi pangapura marang liyan, sabar iku bakal ndadekake swasana dadi seneng (beda lamun wus sengsem reh ing asamun, semune ngaksama, sesamane bangsa sisip, sarwa sareh saking mardi mantotama).
   Ing perangan liyane Serat Wedhatama uga mulangake babagan nggayuh ngelmu luhur. Diandharake lamun wong kang kapengin entuk ngelmu iku kudu gelem ngupadi kanthi tenan. Mula iku kang kanggo garan para satriya luhur biyen iku ana telung prakara, yaiku ikhlas, sabar, lan nerima mring Gusti (basa ngilmu mupakate Ian panemu, pasabe lan tapa, yen satriya tanah Jawi, kuna-kuna kang ginilut tri prakarall lila lamun kelangan nora gegetan, trima yen kataman, sak serikk sameng dumadi, tri legawa nalongsa srahing bathara).

Sekar ing ngandhap menika katembangaken kanthi laras ingkang trap.
- Angkara gung, neng angga anggung gumulung, gogolonganira triloka, lekem kongsi, yen den umbar ambabar dadi rubeda.
- Beda lamun, kang wus sengsem reh ngasamun, semune ngaksama, sasamane bangsa sisip, sarwa sareh saking mardi marto tama.
- Taman limut, durgameng tyas kang weh Iimput, kereming karamat, karana kamhanlng sih, sihing Sukma ngreda sahardi gengira.
- Yeku patut, tinulad-tulad tinurut, sapituduhira, aja kayajaman mangkin, keh pramudha mundhi dhiri lapel makna.

Related Posts

0 Response to "Isi Sekar Mocopat"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel