Pengertosan Sekar Mocopat lan Paugeran Sekar Macapat

A. PANGERTOSANIPUN SEKAR MACAPAT

Tembang iku klebu basa jawa ngoko, kramane sekar. Tembung utawa sekar iku wohihg kagunan basa kang edi Ian endah, arupa ikataning tembung kang kacencang wewaton tartamtu yaiku lagu. Pancen tembang iku mujudake ikataninglkarangan kanthi Ielagon. Jer wewatone tembang kuwi kang baku kudu nggatekake treping tembung murih larasing lagu.
   Tembang macapat Ian geguritan iku ana persamaane yaiku padha padha mujudake basa iketan, mung wae kang ngiket iku beda
Bedane tembang macapat Ian geguritan
- Tembang macapat nggunakake pathokan guru gatra, guru lagu Ian guru wilangan, dene
- Geguritan tanpa nggunakake pathokan guru gatra, guru lagu Ian guru wilangan nanging nggunakake pathokan pamilihe tembung kang mentes Ian endah

B. PAUGERANIPUN SEKAR MACAPAT 
  1. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larikan saben sapada ihg tembang macapat
  2. Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra (nyuwara vocal)
  3. Guru Wilangan yaiku cacahing wanda/suku kata saben sagatra ing tembang macapat Menggah asaI-usul menapadene werdinipun sekar macapat dumugi samenika tasih dereng gumathok. Pemanggihipun para winasis satunggal saha setunggatipun mboten sami wonten pamanggih bilih sekar macapat menika anggadhahi teges.

a. Tangga desa kang ngubengi, tegesipun kesrambah saha sumebarwonten bebrayan agung, utawi sampan kasrambah tuwin kalimrah ing masyarakat inggih menika tangga sisih wetan, kidul, kilen, saha tangga sisih ler.

b. Tembang macapat dumadi saking tembu'hg manca, tegesipun lima: kaliyan tembung pat. wancahan saking tembung repat, tegesipun kummpul (Kemplak-kemplak). Amargi wewaton baku tumrapipun sekar macapat menika adhedhasar suwara inggih menika nglegena, suku, wulu, taling, taling tarung.

c. Macapat dumadi saking tembung maca, tegesipun maos utawi nglagokaken, Ian tembung pat, saking mingseding tembung mat, wancahan saking nikmat, tegesipun sekeca sanget utawi kraos saestu. Dados mengku pikajeng remen macs kanthi sekeca kebak ing pangraos.

d. Tembang macapat dumadi saking tembung maca Ian pat, mingsed dados mat: asal saking basa wlandi ateges wirama, metrum utawi tembang. Dados anggadhahi teges maos kanthi wirama ngangge metrum utawi nembang.

d. Macapat, dumadi saking ater-ater ma- Ian tembung Iingga capat, ingkang Wonte gegayutanipun kaliyan tembung capat (capet-capet), teggesipun rada kelingan “Iupa-Iupa ingat" Pikajengipun sekar ingkang dipun lagokaken kanthi eling-elingan utawi apalan kemawon Utawi tembung capat wonten gayutanipun kaliyan tembung cepet, tegesipun anggenipun maos kanthi cepet mliginipun menawi maos serat-serat Jawi ingkang adhakanipun kandel sanget.

e. Tembang macapat ugi anggadhahi teges anggone maca papat-papat. Waton ngleresi telasing tembung.

Ginanipun Sekar Macapating Kasusastran Jawi
 Serat-serat dipunanggit kanthi wujud sekar utawi tem bang, menika gadhahi pangajab
1. Kangge medharaken utawi nglairaken pemanggih (cipta) saha pangraosipun para raja utawi pujangga, panganggit ”sastrawan” kanthi wujud sekar. Kados serat, Wedhatama, wulang Reh, Kalatidha, centhini

2. Ngremenaken dhumateng pamaos (ingkang saged), amargi menawi wgleh cengkok ingkang setunggalsaged gantos cengkok sanesipun.

3. Nggampilaken pangenget-enget tumraping pangertosan-pangertosan kanthi awujud sekarUpaminipun. watakipun tembung-tembung sengkalan, neptunipun di nten pasaran (pancawara).

4. Kangge penolak balak, nyuwaklare rewel, kawilujengan.

Related Posts

0 Response to "Pengertosan Sekar Mocopat lan Paugeran Sekar Macapat"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel